CONTOH TEMBANG WAJIB SMA/SMK/MAN

Jumat, 02 Agustus 2019

MATERI LOMBA BACA GEGURITAN WAJIB & PILIHAN UNTUK PESERTA LOMBA TINGKAT SMA/SMK/MA


GURIT WAJIB SMA/SMK/MA

ELINGA
Nursisto

Wus kababar unining sejarah
Lamun perjuwangan iku ambuka lawang
Kanggo lumaksane sadaya pangarah
Kang sakawit lagi gawang-gawang
Ing wusana dadi kanyatan lan mbregagah

Aja lali lan keli uleging jaman
Kang kaya-kaya dadi kraman ing nagari
Ngentirake sakabehing kaprayitnan
Kang dinarbe wiwit duk nguni
Bangsa Indonesia sugih kautaman

Elinga bangsa wetanan kang sugih tatanan
Patrap alus mbudi daya jroning ngaurip
Nora gemerlapan kaya lampu ing ndalan
Nuhoni jejibahan kang tinitip
Dening panguwasa kang ngemudhi peprentahan

Nuhoni lan uga ngrasa wani
Manggul dhuwur lan mendhem jero
Anggennya dadi kawula nagri
Kang awateg luhur ing njaba njero
Minangka lumintuning kaurmatan sasami

Ayo den eling sakehing pemut
Kang nggegadhang tumekane mangsa
Urip kaya laku jantraning semut
Kebak guyup rukun ing sasama
Karana ing sadaya kepanggih runtut



GURIT PILIHAN SMA/SMK/MA

LENA
Suwasti Ratri Eni Lestari
Jare...
Lemah wutah getih iki,
Suwarga...
Theklek, kayu, lan watu
Bisa dadi tetuwuhan
Tirta tumrap amerta
Samirana sumilir ing pinggir
Sesawangan maneka rupa ngegla rumesep ati
Gawe adheming piker, gawe tentreming nala
Jare...
Dewi Sri tansah ngayomi
Sandhang, pangan, papan,
Saben jalma keduman
Ah... lingsiring jaman saya edan
Mangsa rendheng lan ketiga mblandhang gedabigan
Lemah bengkah, wit-witan semplah
Bengawan luber mbleber tekan ngemper
Puwuhan ngebaki plataran
Papan gegojegan ora kumanan kalodhangan
Ah... sapa sing arep ndandani?
Yen kabeh janma murang tata
Tan duwe rasa tanggap ing sasmita?
Lena!



GURIT PILIHAN SMA/SMK/MA

KALI ILANG KEDHUNGE
Tulus Widodo

Kali kang banyune bening mung kari crita
Kali kang akeh iwak iku wis kuna
Kali kang jero wis ora ana
Saiki kali wis ora dadi kanca

Kepara dadi mungsuh kang gawe cilaka
Kali ilang kedhunge ramalane pujangga
Pancen nemahi lan nyata
Lamun wanci rendheng udan teka

Banjir bandhang gawe sengsara
Utawa banyune buthek kebak lelethek
Ambune bacin ndulek
Wis ora ana wong wani ciblon
Kaya biyen banyune kinclong kaya pengilon
Wolak waliking jaman pancen kelakon

Biyen karo saiki banget bedane
Pokale manungsa kang nggugu karepe dhewe
Mbuwang uwuh sakepenake
Mbabadi alas tanpa digagas
Kanggone sing isih padha waras
Jaganen alam iki kanthi ikhlas



GURIT PILIHAN SMA/SMK/MA

SING WASPADA
Bambang Nugroho

Panguwasa, rajabrana lan pepaesing donya
Pancen tansah gawe godha
Kanggo tindak culika
Nalisir saka paugerane agama
Tatakrama apadene suba sita
Yen ora kuwawa
Nampa kanthi legawa
Kaya-kaya kabeh kudu den rengkuh
Lali marang janji setya
Apadene sumpah kang kaucap
Nganti padha antri mlebu kunjara
Sadurune tekan ing neraka
Yen bisa sangune
Mung eling lan waspada,

Nalika panguwasa, rajabrana lan pepaesing donya
Pancen tansah gawe godha
Kanggo tindak culika
Nalisir saka paugerane agama
Tatakrama apadene suba sita
Yen ora kuwawa
Nampa kanthi legawa
Kaya-kaya kabeh kudu den rengkuh
Lali marang janji setya
Apadene sumpah kang kaucap
Nganti padha antri mlebu kunjara
Sadurune tekan ing neraka
Yen bisa sangune
Mung eling lan waspada


Tidak ada komentar:

Posting Komentar