CERKAK SD/MI
PITULUNGANE MANUK BLEKOK
Dening : Akhiyadi
MANGSA ketiga dawa awane panas nggemplang, tetuwuhan godhone saperangan ana
sing garing, sato kewan
ing alas
Lodran megap-megap kepanasen,
ngelak, lan luwe. Racake sato kewan banjur padha ngumpul ana sapinggire Tlaga
Marimo. Ya Tlaga Marimo iki siji-sijine kang isih ana banyune ing laladan alas kono.
Blekok kang nyusuh ana pang wit
ora adoh saka pinggire
tlaga meruhi ana Kowe (anak munyuk) nyedhaki tlaga. Iki genah si Kowe ngelak
lan arep ngombe, batine Blekok. Wayah awan ngene iki biasane Baya ngindhik saka jeron banyu terus
nubruk kewan sing lagi ngombe.
“He, Kowe. Aja ngombe banyu tlaga
dhisik!” ujare Blekok karo mabur mudhun saka pang wit kang kanggo nyuwuh mau.
“Ssstttttt...., wayah awan ngene iki nalika sato kewan padha ngelak, Baya ngindhik saka jeron banyu tlaga
arep golek mangsa. Kowe bisa ditubruk, dicokot awakmu, lan digondhol diblebegke
banyu temah tekan patimu”.
Krungu jlentrehe manuk Blekok mau Kowe kang isih cilik kuwi ndredheg
keweden, “Lha terus piye aku?” pitakone bingung merga dheweke wis ora bisa
ngampet ngelake maneh. “Ya, wis. Ayo tak terake yen arep ngombe nanging aja
suwe-suwe!”
Kewan sakloron mau banjur nyedhaki banyu tlaga ngliwati kisikan sapinggire
tlaga sing rada nglendhut, jemek. Jalaran wis rong dina ora ngombe, Kowe anggone
ngokop banyu sarosane nganti pirang-pirang puluh clegukan. Ora kanyana saka
jeron banyu njumbul si Baya kang cangkeme mangap
amba nubruk awake Kowe terus dicokot. Anak kethek mau mere-mere lan jerit-jerit merga kelaran.
Nanging manuk Blekok ora kelangan kaprayitnan dheweke sigra ngabruk karo nothol matane Baya sarosane.
“Wadhaauuuuuuhh..” Baya mbengok sora, cangkeme
mangap amba. Ya nalika iku buntute Kowe dicengkerem karo Blekok nganggo driji
sikile terus ditarik diajak mlayu ninggalake papan kono. Kowe isih
njerit-njerit kelaran lan endhase godres getih.
“Enggal meneka wit iki lan ngasoa ing pang
cedhak susuhku kae, ana kana aman!” prentahe manuk Blekok.
Tanpa wangsulan Kowe gage ngangkrok wit mau marani susuhe Blekok. Jroning ati dheweke nedya nrima banget marang Blekok kang wis paring
pitulungan. Tanpa pitulungan mau
dheweke mesthi wis tumekane pati dimangsa Baya. Sato kewan siji kuwi tumindake
pancen angkara
murka, seneng gawe kapitunane liyan, nyilakani liyan, ben awake liyan
diklethak, dipangan tanpa duwe rasa mesakake sapadhane.
Ora gantalan suwe manuk Blekok teka mrono, telihe katon
mendhol-mendhol, “Kepiye Kowe? Apa awakmu isih krasa lara?”, pitakone Blekok.
“Isih. Endhasku krasa perih”, wangsulane Kowe karo nudhuhake kulit
endhase kang mlicet merga tatu kena untune Baya kang
landhep.
“Hyoh. Taktambani!”, wangsulane Blekok karo muntahke isi telihe.
Telih mau jebul isine sinom godhong mlandhingan sing banjur dipopokake ing
endhase Kowe, “Wis, ngasoa dhisik sesuk rak terus mari!”, ujare
manuk Blekok nuturi Kowe.
“Hyoh. Matur nuwun banget manuk Blekok. Muga-muga kabecikanmu ing tembe entuk piwales saka
sing murbeng dumadi lan pinaringan ganjaran sing samurwat”.
“Aamiiin. Becike awake dhewe iki urip tulung-tinulung, gotong
royong, lan rukun. Supaya awake dhewe kekarone iki luwih kuwat ngadhepi bebaya apa wae
sajrone urip ana sakiwa tengene Tlaga Marimo kene. Turua ana pang kene iki
saben bengi aku turu ana susuh iki karo ngeloni anakku sakloron kang isih
piyik”.
“Hyoh. Terus yen awan anggonmu ngluru pangupajiwa ya ana sakiwa
tengen kene?”.
“He.eh, sakiwa tengen kene akeh woh-wohan ana jambu, manggis, sawo, lan
sisih kana
kae ana gedhang, duren, lan uga sinom-sinom apa wae sing bisa kokpangan. Yen
wetengmu wis wareg kowe bisa ngaso ana sacedhake susuhku sinambi njaga
piyik-piyikku, aja nganti dimangsa ula. Sebab wayah awan aku ngulandara ing
saweneh papan golek pangupajiwa”, ujare manuk Blekok.
“Hmmmm ngono? Becik, becik, becik. Aku sarujuk karo penemumu manuk
Blekok. Urip mono pancene kudu tansah tulung-tinulung siji marang sijine”,
wangsulane Kowe sajak seneng atine.
Halo
BalasHapus