CONTOH TEMBANG WAJIB SMA/SMK/MAN

Jumat, 02 Agustus 2019

MATERI LOMBA BACA GEGURITAN WAJIB & PILIHAN UNTUK PESERTA LOMBA TINGKAT SD/MI


GURIT WAJIB SD/MI
PITUTURE SIMBAH
Bambang Nugroho

Isih dak eling
Pangandikane simbah
Marang putra wayah
Pinangka wasita adi
Isi pitutur kang kapundhi
Dadi obore ati

Tekane saiki
Pituture simbah sawayah-wayah
Bisa kadhudhah isi puji pandonga
Padha dadia pawongan
Nduweni kaluwihan
Tansah migunani tumrape liyan

Bisane duwe kaluwihan
Sangune sugih ngelmu lan kandele iman
Mula gelem taberi sinau lan ngaji
Ngelmu mono paribasane
Digembol ora mendhosol
Dibuwang ora kemrosak

Dene iman mono bakal paweh pituduh
Endi bener endi luput
Endi goroh endi jujur
Endi murang tata endi unggah-ungguh
Endi menggok endi lempeng
Engga gawe slamete laku tekane kang tinuju



GURIT PILIHAN SD/MI

GURIT KANGGO IBU
Rohadi Ienarto

Mbokmenawa
ngalah dhuwur wekasane
wus ora trep mungguh sliramu, ibu
jantrane jaman iki wis adoh banget
lumaku, ninggalke piwulang simbah-simbah

mbokmenawa
saiki wis tekan jamane
ngalah yen wus bisa menangke
ngalah yen wus bisa kewagang
ngendhih jurit
ing madyaning pabaratan

apa ya kita tetep puguh ngugemi
yen ta dewi kunthi kae
 tega karo patine si suryatmaja, putrane
ora ibu

kita kudu wani dadi srikandhi
apadene kartini
wani menthang gandhewa
nglepasake landhepe pucuk
warastra nagih janjine sang maha resi Bisma
mbedhah bentengipun taman pingitan



GURIT PILIHAN SD/MI

AKU TAK MEGURU
Nini Klenyem

Semut...semut blekithi
Wujudmu cilik kebak pengati-ati
Satiti ngugemi wajib tur gemi nastiti
Datan darbe watak srei drengki lan meri
Pantes tinulat sakehing umat ing bumi

Tanpa mawang kadang mitra yen ketemu ing papan
Aweh salam kanthi anthuk-anthukan
Tansah guyup rukun anggone kekadangan
Ing mangsa ketiga bareng luru pangan
Rejeki ora kinarya rebutan
Minangka singgahan ing mangsa udan

Semut...semut blekithi
Wulang wuruken aku
Dhasar aku kepingin nuladha uripmu
Kinarya sangu mecaki, jantraning uripku
Dimen diconto kabeh anak putuku



GURIT PILIHAN SD/MI

LUHUR BEBUDENE
Sri Wijayati

Pagaweyan sing mulya ing desa-desa
Nadyan ora kondhang ora macak mung prasaja
Pak Tani garap sawahe saben dina
Wiwit macul nandur pari lan palawija

Akeh sing ora nggraita menawa pegaweyan tani kuwi rekasa
Nom-noman wis ora ana sing gelem temandang ing sawah
Milih nyambut gawe nggon resik ora gupak lemah
Mula wong tuwa kudu tetep gumregah
Banjur iki salahe sapa
Biyen kebo sapi kanggo ngluku sawah
Saiki traktor dadi rowange garap sawah
Dleweran kringete Pak Tani wiwit esuk nganti sore
Kulite sajak gosongkena panase srengenge ora dirasakake

Wiwit tandur nganti panen pari
Ditandangi kanthi iklas kanggo dalan rejeki
Dongane Pak Tani muga- muga panenan tahun iki
Bisa digawa mulih kanggo ragad sekolah lan urip lumrah
Pancen luhur bebudene Pak Tani
Ora tau nggresah, susah anane mung pasrah mring
Gusti Allah Muga- muga diparingi berkah


Tidak ada komentar:

Posting Komentar