CERKAK SMA/SMK/MA
KIDUNG PAYUNG TUMLAWUNG
Dening : A.Y. Suharyono
SIMBOK sing lagi sare iku daksawang, katon nglinteg kang njalari ayemku.
Kepepete daktinggal ora dadi ngapa, buntelan obat sing gemlethak neng meja dak bukak. Aku unjal
ambegan, pranyata mung kari sethithik. Dadi gelem ora gelem kudu tuku, supaya lelara asmane simbok aja kumat.
Payung sing gumlethak mburi lawang dakjupuk lan dakgawa metu, tekan njaba
mripatku nyawang mendhuwur sanalika lambe iki mesem.
Ing langit ndhuwur kana katon mendhung angendanu, mertandhani yen
sedhela maneh udan. Kanggoku udan
mujudake rejeki sing daktampa, ing pinggir dalan gedhe aku sakanca ngadeg karo
nggawa payung, ngenteni yen ana sing mbutuhake payungan. Saka wong sing arep nyabrang dalan metu saka toko,
apa wae yen
meneri udan deres mesthi
mbutuhake payung kanggo payungan supaya ora klebus. Aku ora pasang rega,
diparingi pira wae daktampa kanthi rasa sokur lan matur nuwun.
Isih cumithak ing pangangenku, kena apa aku bisa dadi nyewakake payung
utawa sebutan ojeg payung. Wektu semana aku
mulih sekolah, mlebu ngomah kaget awit simbok teturon sajak ngampet lara. Adat
saben simbok ki neng ngomah ndungkap sore, awit ngumbahi sandhangan tangga
teparo, ya kanthi opah ora sepiraa iku kanggo urip saben dina lan ngragati
sekolahku. Bapak wis tilar donya rikala aku isih bayi, lan anak tunggal alias
ontang-anting.
Saiki aku kelas 6 SD, ateges sedhela maneh SMP mung ora bisa mbayangke, apa
bisa neruske sekolah. Mula kaya ngapa kaget lan bingung, nyumurupi simbok
sarean tanpa daya, mula gage dakcedhaki.
"Simbok kenging menapa, gerah ?"
"He eh ndhuk, dhadha kok rasane seseg".
"Kula matur dhokter inggih mbok".
"Ora sah, dhokter lan obate rak larang"
"Mboten mbok, nyuwun tulung dhokter Priyanto mboten mbayar wong sampun
dingendikakaken yen tangga gratis"
"O, yawis".
Tanpa ngguwang kalodhangan aku gage metu omah lan
njranthal, mlayu tumuju daleme dhokter Priyanto sing daleme ora pati adoh.
Ayemku sawise pensiun dhokter mau kerep neng ndalem, dadi kapan wae sowan
biasane ana. Petunganku pas, panjenengane lagi
maos Koran ing ngarepan mula gage dakparani karo matur.
"Badhe nyuwun pitulungan, dhok"
"Apa ?"
"Simbok kula kok napasipun seseg dhok, kula dados bingung"
"Dienteni dhisik ya, daknjupuk alat mengko bareng wae".
"Inggih, dhok"
Dhokter mlebu ngomah, bareng metu
wis nggawa tas sing mesthine isi alat kedokteran. Sanajan mung cedhak karo omahku, nanging numpak mobil amrih
cepet. Simbok dipriksa kanthi tliti lan permati, bareng rampung dhokter
nulis resep karo ngendika.
"Simbokmu lara asma, iki resep
obat lan tukunen ing apotik saiki uga ya"
"Inggih, dhok"
"Iki ana dhuwit, nggonen tuku
obat"
"Wah matur nuwun dhok, ning "
"Wis, obat gek dituku simbokmu
selak butuh".
Aku manthuk karo nampani dhuwit,
sawise dhokter Priyanto mungkur dhuwit daketung, ana lembaran atusan
ewon cacah loro kang ateges rong atus ewu. Kanggoku dhuwit semono kuwi akeh banget. Sawise
pamit simbok aku gage neng apotik, nedya tuku obat. Udan wiwit tumiba, grimis
riwis-riwis nanging aku ora perduli, sing dakpikir gek enggal tuku obat kanggo
simbok, lagi wae tekan apotik dadakan bathukku njengkerut gumun. Katon Narto, kancaku sekolah sing
ngadeg pinggir toko karo nggawa payung. Kanthi kebak tandha pitakon dheweke
dakcedhaki.
"Kowe ki ngapa Nar?"
"Dadi ojeg"
"Ojeg apa, endi motore?"
"Dudu ojeg motor"
"Lha apa?"
"Ojeg
payung"
"Kok ...... "
"Ngene
lho, yen meneri udan ngene iki yen ana wong arep nyabrang dalan, arep mlebu
toko, arep numpak mobil lan sapiturute mesthi dha repot lan aja nganti kodanan, nah banjur daktawani payung iki racak-racak dha
gelem malah seneng".
"O, terus opahe pira?"
"Aku ora ngarani, ning racake
menehi paling sethithik Rp 5.000, - sedina yen mung Rp 65.000, -wae mesthi
oleh".
"Akeh uga ya"
"He eh, lumayan kanggo
ragad sekolah utawa ngewangi wongtuwa".
Krungu kandhane sing pungkasan iku dadakan, tratab?
Atiku mosik kepengin melu- melu dadi ojeg payung kaya Narto. Olehe nindakake
bisa bali sekolah, mula gage aku kandha karo Narto.
"Nek aku melu-melu dadi ojeg
payung kaya kowe piye Nar?"
"Lho bisa wae, malah dakenggo
kanca, ning kowe kudu sedhiya payung apese loro".
"Kok ndadak loro?"
"Iya, nek sing siji dienggo,
kowe rak ngetutke tekan papan sing dituju uga karo payungan ta"
"Iya, ya"
"Wis nek kowe manteb, sedina
rong dina bisa bareng aku,
lan nek wis kulina kowe bisa dhewe"
"Emm, matur nuwun ya Nar
"
"Kapan wiwit ?"
"Saiki bisa, aku daktuku payung loro dhisik kepeneran iki ana
rejeki"
Tanpa ngenteni wangsulan aku mlebu apotik, saperlu tuku obat langsung
dakgawa mulih. Simbok katon sare angler, arep nggugah dadi ora tegel. Obat
dakselehke ing sisihe simbok, bisa metu saka ngomah bablas neng toko tuku
payung loro.
Ana rasa lega, dene ora dinyana
nemu kabegjan dhobel, sepisan diparingi dhuwit dhokter kaping pindhone bakal
nampa rejeki kanthi dadi ojeg payung, Narto gage dakcedhaki.
"Iki aku wis tuku payung"
"Yoh, kepeneran kae ana ibu medhun saka becak sajake arep blanja neng
pasar. Cedhakana lan tawanana payung, kepeneran iki lagi grimis, nek gelem,
payung siji silihna dene sing siji tokenggo ngetutake"
"Matur nuwun Nar, terus aku matur piye ?"
"Payung bu, ngono wae rak wis ngerti"
Aku manthuk, wiwit dhong karo sing dikarepake mula gage marani ibu sing
lagi wae medhun saka becak karo
kandha.
"Payung bu, mangga"
"O ya mbak matur nuwun"
Udane saya deres, dadi ibu mau kepeneran banget daksilihi payung. Sawatara ibu
iku mlaku aku ngetutake neng mburine nganti tekan toko sing dituju, banjur
ngulungke payung karo kandha
"Matur nuwun, ya mbak"
"Sami-sami bu "
"Pira sewane payung ?"
"Mangga sakparingipun"
Ibu mau mesem karo mbukak dhompete, selembar Rp 5.000 lan Rp 2.000
diulungake aku lan daktampa kanthi senenging ati. Dina-dina sabanjure saben
bali sekolah, yen meneri mendhung aku
lan Narto gage dadi ojeg payung. Kanggoku dhuwit
iki mingunani banget, kanggo urip saben dina lan tuku
obat kanggo simbok sing kepeksa durung bisa
nyambutgawe. Sanajan semangat golek rejeki, nanging dakusahakake sregep sinau
amrih ora ketinggalan.
"Ha ra ta, ngalamun ! "
Aku kaget, nalika daktoleh jebul Narto sing wis teka luwih dhisik. Nitik
olehe klebus sajake dheweke mentas wae payon, banjur nudingi pener wetan ndalan
karo kandha,
"Kae ana bapak-bapak ngadeg neng ngarep pasar, sajake dheweke arep
nyabrang dalan marga udan njalari gojag-gajeg".
"O, yoh, dakparanane"
Tanpa ngenteni wangsulane Narto, aku gage nyabrang dalan
nyedhaki wong mau karo Kandha
"Ngersakken songsong pak "
"O, yoh, kepeneran, kene aku nyilih"
"Badhe tindak pundi ?"
"Arep neng mobilku, ayo "
"Mangga "
Payung dakulungke, banjur daktutke tumuju mobil sedhan ireng pinggir dalan. Tekan
papan sing dituju lawang mobil dibukak karo ngulungi dhuwit
limang ewonan selembar. Dhuwit daktampa karo ngaturke panuwun. Alon-alon mobil wiwit mlaku, dadakan, plok !
Dhompet tiba saka ndhuwur mobil, sajake nalika njupuk dhuwit
bapak mau lali yen diselehake kap mobil njalari tiba. Gage dhompet dakjupuk, rekaku arep
dakbalekke. Nanging mobil kebacut bablas nerak
derese udan, aku thingak-thinguk Narto uga ora ana.
Tekan papan sing eyup dhompet dakbukak, pranyata
isine dhuwit atusan ewon limang lembar kang ateges setengah juta, sarta kartu
nama. Wusana tuwuh peperangan jroning ati, yen gelem ateges oleh rejeki nomplok.
Kejaba bisa kanggo tuku obat kanggo simbok lan keperluan sekolah, uga bisa
kanggo urip sawatara dina. Nanging pikiran mau dakguwang adoh, kepiye wae iki
dudu hakku lan kudu dakbalekke. Kartu nama dakwaca, ateges omahe ora pati adoh.
Kepeneran udane wiwit trenceng, malah srengenge uga wiwit katon ing ndhuwur
kana. Gage aku nggoleki daleme bapak mau
salaras karo sing ditulis ing kertu nama. Sawise
takon kana kene wusana bisa ketemu. Omahe cukup jembar, lan mobil mau isih ana ngarepan. Bapak mau
lenggahan sinambi maos majalah, weruh tekaku katon kaget.
"Ana apa mbak ?"
"Menika wau dhompetipun bapak dhawah, kula bengoki bapak mboten mireng
lan bablas mila lajeng kula beta mriki"
"Kok ngerti omahku ?"
"Wonten kertu naminipun, mangga pak, dipun prisani isinipun"
Dhompet ditampa dibukak lan dietung banjur nglulus rong lembar diparingke
aku.
"Nya, iki minangka atur panuwun"
"Mboten pak, mboten perlu maringi".
"Apa kurang? Daktambahi ya"
"Estu mboten pak, menika sampun jejibahan kula, kepareng kula nyuwun
pamit"
Tanpa ngenteni wangsulan aku engal ninggalake omah mau, tanpa maelu yen diprisani. Tekan ngomah gage wisuh lan njujug papane simbok
sare.
"Piye ndhuk, kesel ?"
"Mboten mbok, biasa kemawon"
"Oleh pira dina iki olehmu ngojeg payung ?"
"Angsal sewidak ewu, lumayan".
"Ya sukur, suk nek simbok mari kowe ora perlu nyambutgawe ndhuk, cukup
simbok wae kowe mligi sekolah".
"Inggih lan kala wau, kula angsal dhopet isinipun arta gangsal atus
ewu, kula kondurken ingkang gadhah mbok, amargi wonten alamatipun".
"Ya, kuwi bener, aja oleh dhuwit ora halal".
Thok ! Thok ! Thok
"Kula nuwun"
Keprungu lawang dithothok karo wong uluk salam, gage aku metu lan sanalika bathukku
njengkerut gumun, ing ngarepan ibu lan bapak sing dhompete daktemu mau, banjur ana apa ngono pikirku lan gage dakacarani mlebu.
"Mangga tindak mlebet bu, pak"
Karo mesem bapak ibu iku mlebu ngomah lan lungguh, lagi wae arep takon wis
kedhisikan ngendikane bapak mau.
"Bapak ibu tindakan pa, kok sepi ?"
"Bapak sampun seda, simbok gerah"
"Oh, maaf terus gerah apa ?"
"Anu asma"
"Emm, kowe isih sekolah"
"Tasih pak, kelas enem"
"Terus nek ngojeg payung ?"
"Sasampunipun wangsul sekolah lan yen sampun ngurusi simbok"
"Aku daksowan simbok ?"
Aku manthuk, banjur dakdherekke mlebu papane simbok sare. Gurawalan simbok
arep tangi, nanging dipenggak si ibu amrih tetep sare, kahanan sepi, bapak mau
mbukani rembug
"Ndherek nepangaken bu, kula Riyanto lan menika semah kula. Wau keng
putra rak mangih dhompet kula ingkang isi arta, lan dipunwangsulaken kula,
artanipun wetah".
"Inggih, lare kula wau ugi criyos".
"Ngaten, kula menika rak mboten gadhah anak lan kepengin mupu. Temtu
kemawon ingkang jujur sarta estu mbetahken pitulungan ".
"Mboten tindak panti asuhan ?"
"Panti asuhan sampun wonten yayasan ingkang ngreksa lan lare kacekapan
sedayanipun".
"Lajeng ?"
"Wongsal-wangsul kula nyobi mancing mawi dhompet isi arta lan ethok-ethok
dhawah ing sacelakipun lare, nyatanipun mboten wangsul"
"Inggih"
"Ndilalah keng putra menika jujur, menapa malih bapakipun sampun seda
lan ibu saweg gerah, pramila kula lan semah nedya mupu keng putra dados anak kula"
"Emm "
"Ibu sampun kuwatos, keng putra tetep wonten mriki lan kala-kala ugi
wonten griya kula. Pokokipun ngantos sarjana kula tanggel, bu".
Krungu ngendikane sing pungkasan iku aku kaget, gage ndhodhok lan ngambung dhengkule
bapak lan ibu karo nangis. Rambutku dielus-elus karo paring panglipur.
"Wiwit saiki kowe ora perlu ngojeg payung, mligi sekolah, bab simbokmu
digawa neng rumah sakit, yen wis dhangan bisa dodol sembako
mengko dakkulakake lan kae ana kamar ing omahku mengko bisa tokenggo".
Tes !
Dadakan eluh tumetes saka mripat, eluh kamulyan, eluh kabegjan. ***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar