CONTOH TEMBANG WAJIB SMA/SMK/MAN

Rabu, 14 Agustus 2019

Jumat, 02 Agustus 2019

IKUTILAH LOMBA CERKAK 2019


MATERI LOMBA BACA GEGURITAN WAJIB & PILIHAN UNTUK PESERTA LOMBA TINGKAT SMA/SMK/MA


GURIT WAJIB SMA/SMK/MA

ELINGA
Nursisto

Wus kababar unining sejarah
Lamun perjuwangan iku ambuka lawang
Kanggo lumaksane sadaya pangarah
Kang sakawit lagi gawang-gawang
Ing wusana dadi kanyatan lan mbregagah

Aja lali lan keli uleging jaman
Kang kaya-kaya dadi kraman ing nagari
Ngentirake sakabehing kaprayitnan
Kang dinarbe wiwit duk nguni
Bangsa Indonesia sugih kautaman

Elinga bangsa wetanan kang sugih tatanan
Patrap alus mbudi daya jroning ngaurip
Nora gemerlapan kaya lampu ing ndalan
Nuhoni jejibahan kang tinitip
Dening panguwasa kang ngemudhi peprentahan

Nuhoni lan uga ngrasa wani
Manggul dhuwur lan mendhem jero
Anggennya dadi kawula nagri
Kang awateg luhur ing njaba njero
Minangka lumintuning kaurmatan sasami

Ayo den eling sakehing pemut
Kang nggegadhang tumekane mangsa
Urip kaya laku jantraning semut
Kebak guyup rukun ing sasama
Karana ing sadaya kepanggih runtut



GURIT PILIHAN SMA/SMK/MA

LENA
Suwasti Ratri Eni Lestari
Jare...
Lemah wutah getih iki,
Suwarga...
Theklek, kayu, lan watu
Bisa dadi tetuwuhan
Tirta tumrap amerta
Samirana sumilir ing pinggir
Sesawangan maneka rupa ngegla rumesep ati
Gawe adheming piker, gawe tentreming nala
Jare...
Dewi Sri tansah ngayomi
Sandhang, pangan, papan,
Saben jalma keduman
Ah... lingsiring jaman saya edan
Mangsa rendheng lan ketiga mblandhang gedabigan
Lemah bengkah, wit-witan semplah
Bengawan luber mbleber tekan ngemper
Puwuhan ngebaki plataran
Papan gegojegan ora kumanan kalodhangan
Ah... sapa sing arep ndandani?
Yen kabeh janma murang tata
Tan duwe rasa tanggap ing sasmita?
Lena!



GURIT PILIHAN SMA/SMK/MA

KALI ILANG KEDHUNGE
Tulus Widodo

Kali kang banyune bening mung kari crita
Kali kang akeh iwak iku wis kuna
Kali kang jero wis ora ana
Saiki kali wis ora dadi kanca

Kepara dadi mungsuh kang gawe cilaka
Kali ilang kedhunge ramalane pujangga
Pancen nemahi lan nyata
Lamun wanci rendheng udan teka

Banjir bandhang gawe sengsara
Utawa banyune buthek kebak lelethek
Ambune bacin ndulek
Wis ora ana wong wani ciblon
Kaya biyen banyune kinclong kaya pengilon
Wolak waliking jaman pancen kelakon

Biyen karo saiki banget bedane
Pokale manungsa kang nggugu karepe dhewe
Mbuwang uwuh sakepenake
Mbabadi alas tanpa digagas
Kanggone sing isih padha waras
Jaganen alam iki kanthi ikhlas



GURIT PILIHAN SMA/SMK/MA

SING WASPADA
Bambang Nugroho

Panguwasa, rajabrana lan pepaesing donya
Pancen tansah gawe godha
Kanggo tindak culika
Nalisir saka paugerane agama
Tatakrama apadene suba sita
Yen ora kuwawa
Nampa kanthi legawa
Kaya-kaya kabeh kudu den rengkuh
Lali marang janji setya
Apadene sumpah kang kaucap
Nganti padha antri mlebu kunjara
Sadurune tekan ing neraka
Yen bisa sangune
Mung eling lan waspada,

Nalika panguwasa, rajabrana lan pepaesing donya
Pancen tansah gawe godha
Kanggo tindak culika
Nalisir saka paugerane agama
Tatakrama apadene suba sita
Yen ora kuwawa
Nampa kanthi legawa
Kaya-kaya kabeh kudu den rengkuh
Lali marang janji setya
Apadene sumpah kang kaucap
Nganti padha antri mlebu kunjara
Sadurune tekan ing neraka
Yen bisa sangune
Mung eling lan waspada


MATERI LOMBA BACA GEGURITAN WAJIB & PILIHAN UNTUK PESERTA LOMBA TINGKAT SD/MI


GURIT WAJIB SD/MI
PITUTURE SIMBAH
Bambang Nugroho

Isih dak eling
Pangandikane simbah
Marang putra wayah
Pinangka wasita adi
Isi pitutur kang kapundhi
Dadi obore ati

Tekane saiki
Pituture simbah sawayah-wayah
Bisa kadhudhah isi puji pandonga
Padha dadia pawongan
Nduweni kaluwihan
Tansah migunani tumrape liyan

Bisane duwe kaluwihan
Sangune sugih ngelmu lan kandele iman
Mula gelem taberi sinau lan ngaji
Ngelmu mono paribasane
Digembol ora mendhosol
Dibuwang ora kemrosak

Dene iman mono bakal paweh pituduh
Endi bener endi luput
Endi goroh endi jujur
Endi murang tata endi unggah-ungguh
Endi menggok endi lempeng
Engga gawe slamete laku tekane kang tinuju



GURIT PILIHAN SD/MI

GURIT KANGGO IBU
Rohadi Ienarto

Mbokmenawa
ngalah dhuwur wekasane
wus ora trep mungguh sliramu, ibu
jantrane jaman iki wis adoh banget
lumaku, ninggalke piwulang simbah-simbah

mbokmenawa
saiki wis tekan jamane
ngalah yen wus bisa menangke
ngalah yen wus bisa kewagang
ngendhih jurit
ing madyaning pabaratan

apa ya kita tetep puguh ngugemi
yen ta dewi kunthi kae
 tega karo patine si suryatmaja, putrane
ora ibu

kita kudu wani dadi srikandhi
apadene kartini
wani menthang gandhewa
nglepasake landhepe pucuk
warastra nagih janjine sang maha resi Bisma
mbedhah bentengipun taman pingitan



GURIT PILIHAN SD/MI

AKU TAK MEGURU
Nini Klenyem

Semut...semut blekithi
Wujudmu cilik kebak pengati-ati
Satiti ngugemi wajib tur gemi nastiti
Datan darbe watak srei drengki lan meri
Pantes tinulat sakehing umat ing bumi

Tanpa mawang kadang mitra yen ketemu ing papan
Aweh salam kanthi anthuk-anthukan
Tansah guyup rukun anggone kekadangan
Ing mangsa ketiga bareng luru pangan
Rejeki ora kinarya rebutan
Minangka singgahan ing mangsa udan

Semut...semut blekithi
Wulang wuruken aku
Dhasar aku kepingin nuladha uripmu
Kinarya sangu mecaki, jantraning uripku
Dimen diconto kabeh anak putuku



GURIT PILIHAN SD/MI

LUHUR BEBUDENE
Sri Wijayati

Pagaweyan sing mulya ing desa-desa
Nadyan ora kondhang ora macak mung prasaja
Pak Tani garap sawahe saben dina
Wiwit macul nandur pari lan palawija

Akeh sing ora nggraita menawa pegaweyan tani kuwi rekasa
Nom-noman wis ora ana sing gelem temandang ing sawah
Milih nyambut gawe nggon resik ora gupak lemah
Mula wong tuwa kudu tetep gumregah
Banjur iki salahe sapa
Biyen kebo sapi kanggo ngluku sawah
Saiki traktor dadi rowange garap sawah
Dleweran kringete Pak Tani wiwit esuk nganti sore
Kulite sajak gosongkena panase srengenge ora dirasakake

Wiwit tandur nganti panen pari
Ditandangi kanthi iklas kanggo dalan rejeki
Dongane Pak Tani muga- muga panenan tahun iki
Bisa digawa mulih kanggo ragad sekolah lan urip lumrah
Pancen luhur bebudene Pak Tani
Ora tau nggresah, susah anane mung pasrah mring
Gusti Allah Muga- muga diparingi berkah


MATERI LOMBA: BACA CERKAK UNTUK PESERTA TINGKAT SMA/SMK/MA


CERKAK SMA/SMK/MA
KIDUNG PAYUNG TUMLAWUNG
Dening : A.Y. Suharyono

SIMBOK sing lagi sare iku daksawang, katon nglinteg kang njalari ayemku. Kepepete daktinggal ora dadi ngapa, buntelan obat sing gemlethak neng meja dak bukak. Aku unjal ambegan, pranyata mung kari sethithik. Dadi gelem ora gelem kudu tuku, supaya lelara asmane simbok aja kumat. Payung sing gumlethak mburi lawang dakjupuk lan dakgawa metu, tekan njaba mripatku nyawang mendhuwur sanalika lambe iki mesem.
Ing langit ndhuwur kana katon mendhung angendanu, mertandhani yen sedhela maneh udan. Kanggoku udan mujudake rejeki sing daktampa, ing pinggir dalan gedhe aku sakanca ngadeg karo nggawa payung, ngenteni yen ana sing mbutuhake payungan. Saka wong sing arep nyabrang dalan metu saka toko, apa wae yen meneri udan deres mesthi mbutuhake payung kanggo payungan supaya ora klebus. Aku ora pasang rega, diparingi pira wae daktampa kanthi rasa sokur lan matur nuwun.
Isih cumithak ing pangangenku, kena apa aku bisa dadi nyewakake payung utawa sebutan ojeg payung. Wektu semana aku mulih sekolah, mlebu ngomah kaget awit simbok teturon sajak ngampet lara. Adat saben simbok ki neng ngomah ndungkap sore, awit ngumbahi sandhangan tangga teparo, ya kanthi opah ora sepiraa iku kanggo urip saben dina lan ngragati sekolahku. Bapak wis tilar donya rikala aku isih bayi, lan anak tunggal alias ontang-anting.
Saiki aku kelas 6 SD, ateges sedhela maneh SMP mung ora bisa mbayangke, apa bisa neruske sekolah. Mula kaya ngapa kaget lan bingung, nyumurupi simbok sarean tanpa daya, mula gage dakcedhaki.
"Simbok kenging menapa, gerah ?"
"He eh ndhuk, dhadha kok rasane seseg".
"Kula matur dhokter inggih mbok".
"Ora sah, dhokter lan obate rak larang"
"Mboten mbok, nyuwun tulung dhokter Priyanto mboten mbayar wong sampun dingendikakaken yen tangga gratis"
"O, yawis".
Tanpa ngguwang kalodhangan aku gage metu omah lan njranthal, mlayu tumuju daleme dhokter Priyanto sing daleme ora pati adoh. Ayemku sawise pensiun dhokter mau kerep neng ndalem, dadi kapan wae sowan biasane ana. Petunganku pas, panjenengane lagi maos Koran ing ngarepan mula gage dakparani karo matur.
"Badhe nyuwun pitulungan, dhok"
"Apa ?"
"Simbok kula kok napasipun seseg dhok, kula dados bingung"
"Dienteni dhisik ya, daknjupuk alat mengko bareng wae".
"Inggih, dhok"
Dhokter mlebu ngomah, bareng metu wis nggawa tas sing mesthine isi alat kedokteran. Sanajan mung cedhak karo omahku, nanging numpak mobil amrih cepet. Simbok dipriksa kanthi tliti lan permati, bareng rampung dhokter nulis resep karo ngendika.
"Simbokmu lara asma, iki resep obat lan tukunen ing apotik saiki uga ya"
"Inggih, dhok"
"Iki ana dhuwit, nggonen tuku obat"
"Wah matur nuwun dhok, ning           "
"Wis, obat gek dituku simbokmu selak butuh".
Aku manthuk karo nampani dhuwit, sawise dhokter Priyanto mungkur dhuwit daketung, ana lembaran atusan ewon cacah loro kang ateges rong atus ewu. Kanggoku dhuwit semono kuwi akeh banget. Sawise pamit simbok aku gage neng apotik, nedya tuku obat. Udan wiwit tumiba, grimis riwis-riwis nanging aku ora perduli, sing dakpikir gek enggal tuku obat kanggo simbok, lagi wae tekan apotik dadakan bathukku njengkerut gumun. Katon Narto, kancaku sekolah sing ngadeg pinggir toko karo nggawa payung. Kanthi kebak tandha pitakon dheweke dakcedhaki.
"Kowe ki ngapa Nar?"
"Dadi ojeg"
"Ojeg apa, endi motore?"
"Dudu ojeg motor"
"Lha apa?"
"Ojeg payung"
"Kok ...... "
"Ngene lho, yen meneri udan ngene iki yen ana wong arep nyabrang dalan, arep mlebu toko, arep numpak mobil lan sapiturute mesthi dha repot lan aja nganti kodanan, nah banjur daktawani payung iki racak-racak dha gelem malah seneng".
"O, terus opahe pira?"
"Aku ora ngarani, ning racake menehi paling sethithik Rp 5.000, - sedina yen mung Rp 65.000, -wae mesthi oleh".
"Akeh uga ya"
"He eh, lumayan kanggo ragad sekolah utawa ngewangi wongtuwa".
Krungu kandhane sing pungkasan iku dadakan, tratab? Atiku mosik kepengin melu- melu dadi ojeg payung kaya Narto. Olehe nindakake bisa bali sekolah, mula gage aku kandha karo Narto.
"Nek aku melu-melu dadi ojeg payung kaya kowe piye Nar?"
"Lho bisa wae, malah dakenggo kanca, ning kowe kudu sedhiya payung apese loro".
"Kok ndadak loro?"
"Iya, nek sing siji dienggo, kowe rak ngetutke tekan papan sing dituju uga karo payungan ta"
"Iya, ya"
"Wis nek kowe manteb, sedina rong dina bisa bareng aku, lan nek wis kulina kowe bisa dhewe"
"Emm, matur nuwun ya Nar "
"Kapan wiwit ?"
"Saiki bisa, aku daktuku payung loro dhisik kepeneran iki ana rejeki"
Tanpa ngenteni wangsulan aku mlebu apotik, saperlu tuku obat langsung dakgawa mulih. Simbok katon sare angler, arep nggugah dadi ora tegel. Obat dakselehke ing sisihe simbok, bisa metu saka ngomah bablas neng toko tuku payung loro. Ana rasa lega, dene ora dinyana nemu kabegjan dhobel, sepisan diparingi dhuwit dhokter kaping pindhone bakal nampa rejeki kanthi dadi ojeg payung, Narto gage dakcedhaki.
"Iki aku wis tuku payung"
"Yoh, kepeneran kae ana ibu medhun saka becak sajake arep blanja neng pasar. Cedhakana lan tawanana payung, kepeneran iki lagi grimis, nek gelem, payung siji silihna dene sing siji tokenggo ngetutake"
"Matur nuwun Nar, terus aku matur piye ?"
"Payung bu, ngono wae rak wis ngerti"
Aku manthuk, wiwit dhong karo sing dikarepake mula gage marani ibu sing lagi wae medhun saka becak karo kandha.
"Payung bu, mangga"
"O ya mbak matur nuwun"
Udane saya deres, dadi ibu mau kepeneran banget daksilihi payung. Sawatara ibu iku mlaku aku ngetutake neng mburine nganti tekan toko sing dituju, banjur ngulungke payung karo kandha
"Matur nuwun, ya mbak"
"Sami-sami bu "
"Pira sewane payung ?"
"Mangga sakparingipun"
Ibu mau mesem karo mbukak dhompete, selembar Rp 5.000 lan Rp 2.000 diulungake aku lan daktampa kanthi senenging ati. Dina-dina sabanjure saben bali sekolah, yen meneri mendhung aku lan Narto gage dadi ojeg payung. Kanggoku dhuwit iki mingunani banget, kanggo urip saben dina lan tuku obat kanggo simbok sing kepeksa durung bisa nyambutgawe. Sanajan semangat golek rejeki, nanging dakusahakake sregep sinau amrih ora ketinggalan.
"Ha ra ta, ngalamun ! "
Aku kaget, nalika daktoleh jebul Narto sing wis teka luwih dhisik. Nitik olehe klebus sajake dheweke mentas wae payon, banjur nudingi pener wetan ndalan karo kandha,
"Kae ana bapak-bapak ngadeg neng ngarep pasar, sajake dheweke arep nyabrang dalan marga udan njalari gojag-gajeg".
"O, yoh, dakparanane"
Tanpa ngenteni wangsulane Narto, aku gage nyabrang dalan nyedhaki wong mau karo Kandha
"Ngersakken songsong pak "
"O, yoh, kepeneran, kene aku nyilih"
"Badhe tindak pundi ?"
"Arep neng mobilku, ayo "
"Mangga "
Payung dakulungke, banjur daktutke tumuju mobil sedhan ireng pinggir dalan. Tekan papan sing dituju lawang mobil dibukak karo ngulungi dhuwit limang ewonan selembar. Dhuwit daktampa karo ngaturke panuwun. Alon-alon mobil wiwit mlaku, dadakan, plok ! Dhompet tiba saka ndhuwur mobil, sajake nalika njupuk dhuwit bapak mau lali yen diselehake kap mobil njalari tiba. Gage dhompet dakjupuk, rekaku arep dakbalekke. Nanging mobil kebacut bablas nerak derese udan, aku thingak-thinguk Narto uga ora ana.
Tekan papan sing eyup dhompet dakbukak, pranyata isine dhuwit atusan ewon limang lembar kang ateges setengah juta, sarta kartu nama. Wusana tuwuh peperangan jroning ati, yen gelem ateges oleh rejeki nomplok. Kejaba bisa kanggo tuku obat kanggo simbok lan keperluan sekolah, uga bisa kanggo urip sawatara dina. Nanging pikiran mau dakguwang adoh, kepiye wae iki dudu hakku lan kudu dakbalekke. Kartu nama dakwaca, ateges omahe ora pati adoh.
Kepeneran udane wiwit trenceng, malah srengenge uga wiwit katon ing ndhuwur kana. Gage aku nggoleki daleme bapak mau salaras karo sing ditulis ing kertu nama. Sawise takon kana kene wusana bisa ketemu. Omahe cukup jembar, lan mobil mau isih ana ngarepan. Bapak mau lenggahan sinambi maos majalah, weruh tekaku katon kaget.
"Ana apa mbak ?"
"Menika wau dhompetipun bapak dhawah, kula bengoki bapak mboten mireng lan bablas mila lajeng kula beta mriki"
"Kok ngerti omahku ?"
"Wonten kertu naminipun, mangga pak, dipun prisani isinipun"
Dhompet ditampa dibukak lan dietung banjur nglulus rong lembar diparingke aku.
"Nya, iki minangka atur panuwun"
"Mboten pak, mboten perlu maringi".
"Apa kurang? Daktambahi ya"
"Estu mboten pak, menika sampun jejibahan kula, kepareng kula nyuwun pamit"
Tanpa ngenteni wangsulan aku engal ninggalake omah mau, tanpa maelu yen diprisani. Tekan ngomah gage wisuh lan njujug papane simbok sare.
"Piye ndhuk, kesel ?"
"Mboten mbok, biasa kemawon"
"Oleh pira dina iki olehmu ngojeg payung ?"
"Angsal sewidak ewu, lumayan".
"Ya sukur, suk nek simbok mari kowe ora perlu nyambutgawe ndhuk, cukup simbok wae kowe mligi sekolah".
"Inggih lan kala wau, kula angsal dhopet isinipun arta gangsal atus ewu, kula kondurken ingkang gadhah mbok, amargi wonten alamatipun".
"Ya, kuwi bener, aja oleh dhuwit ora halal".
Thok ! Thok ! Thok
"Kula nuwun"
Keprungu lawang dithothok karo wong uluk salam, gage aku metu lan sanalika bathukku njengkerut gumun, ing ngarepan ibu lan bapak sing dhompete daktemu mau, banjur ana apa ngono pikirku lan gage dakacarani mlebu.
"Mangga tindak mlebet bu, pak"
Karo mesem bapak ibu iku mlebu ngomah lan lungguh, lagi wae arep takon wis kedhisikan ngendikane bapak mau.
"Bapak ibu tindakan pa, kok sepi ?"
"Bapak sampun seda, simbok gerah"
"Oh, maaf terus gerah apa ?"
"Anu asma"
"Emm, kowe isih sekolah"
"Tasih pak, kelas enem"
"Terus nek ngojeg payung ?"
"Sasampunipun wangsul sekolah lan yen sampun ngurusi simbok"
"Aku daksowan simbok ?"
Aku manthuk, banjur dakdherekke mlebu papane simbok sare. Gurawalan simbok arep tangi, nanging dipenggak si ibu amrih tetep sare, kahanan sepi, bapak mau mbukani rembug
"Ndherek nepangaken bu, kula Riyanto lan menika semah kula. Wau keng putra rak mangih dhompet kula ingkang isi arta, lan dipunwangsulaken kula, artanipun wetah".
"Inggih, lare kula wau ugi criyos".
"Ngaten, kula menika rak mboten gadhah anak lan kepengin mupu. Temtu kemawon ingkang jujur sarta estu mbetahken pitulungan ".
"Mboten tindak panti asuhan ?"
"Panti asuhan sampun wonten yayasan ingkang ngreksa lan lare kacekapan sedayanipun".
"Lajeng ?"
"Wongsal-wangsul kula nyobi mancing mawi dhompet isi arta lan ethok-ethok dhawah ing sacelakipun lare, nyatanipun mboten wangsul"
"Inggih"
"Ndilalah keng putra menika jujur, menapa malih bapakipun sampun seda lan ibu saweg gerah, pramila kula lan semah nedya mupu keng putra dados anak kula"
"Emm  "
"Ibu sampun kuwatos, keng putra tetep wonten mriki lan kala-kala ugi wonten griya kula. Pokokipun ngantos sarjana kula tanggel, bu".
Krungu ngendikane sing pungkasan iku aku kaget, gage ndhodhok lan ngambung dhengkule bapak lan ibu karo nangis. Rambutku dielus-elus karo paring panglipur.
"Wiwit saiki kowe ora perlu ngojeg payung, mligi sekolah, bab simbokmu digawa neng rumah sakit, yen wis dhangan bisa dodol sembako mengko dakkulakake lan kae ana kamar ing omahku mengko bisa tokenggo".
Tes !
Dadakan eluh tumetes saka mripat, eluh kamulyan, eluh kabegjan. ***