CONTOH TEMBANG WAJIB SMA/SMK/MAN

Jumat, 02 Agustus 2019

MATERI LOMBA: BACA CERKAK UNTUK PESERTA TINGKAT SMP/MTs


CERKAK SMP/MTs
GEGURITAN
Dening : G. M. Sigit Nurcahyanto Adhi

Preinan unggah-unggahan kelas, sekolahku nganakake kemah kanggo ujian pramuka. Satemene ya seneng bisa melu kemah, nanging aku kabotan menawa urunan dhuwit. Keluargaku kalebu keluarga kang kecingkrangan, nanging aku kepengin kaya bocah-bocah liya kang bisa sinau lan tambah pinter. Akeh babagan kang kepengin takmangerteni, kaya babagan taneman, kewan-kewan, planet, laut, lan liya-liyane.
Wektu kemah wis kawiwitan ing Jemuwah sepisan wulan Juli ing bumi Perkemahan Babarsari. Papan kasebut cedhak kali lan isih akeh wit-witan gedhe. Aku mangkat diterke ibuku nganggo pit onthel, amarga omahku ora adoh seka papan kemah kasebut. Ing kono wis katon para guru, kanca-kanca, pengurus osis, lan wali murid kang ngeterke anak-anake. Aku gage pamitan marang ibu sinambi ngambung astane ibu banjur nglumpuk karo kanca-kancaku. Ing kelompokku, kelompok singa, aku dipilih dadi ketua. satemene aku dipilih ora merga aku paling pinter, ananging merga aku ora kuwat bayar urunan kanggo kelompokku. Dadi satemene, tanggung jawabku luwih gedhe tinimbang kanca-kancaku lan aku bisa dikongkon-kongkon.
Acara sepisanan yaiku ngedekake tendha ing lapangan. Aku sakanca seneng ngleksanakake acara iki merga bisa ngraketke gotong-royong. Banjur, aku sakanca melu lomba kayata, pioneering, nglukis woh-wohan, lan kerapian tendha. Puncak kegiatan ing dina sepisanan, yakuwi jurit malam. Apese, bengi iki bengi kang miturut kapercayane wong Jawa dadi dina kang angker. Ya, bengi iki malem Jemuwah kliwon. Sumilire angin lan godhong kang gogrog tumiyup angin seka wit-wit. Kang rungkut sing tak liwati gawe aku lan reguku keweden. Ditambah meneh kahanane peteng. Aku saregu mung entuk migunakake senter siji. Saiki reguku keri rada adoh ditinggal regu-regu liyane amarga reguku rada kethetheran saben-saben mandheg pos-pos sing diliwati. Sawise ngliwati pos 3, aku sakanca saya ngrasakake babagan-babagan kang aneh lan marakke mrinding, nanging wusana aku sakanca bisa ngrampungke jurit malam kanthi lancar.
Dina candhake aku sakanca melu lomba, jelajah alam lan masak. Kegiyatan rampung jam 13.00, banjur padha mangan bareng. Sawise istirahat kegiyatan diteruske lomba geguritan lan halang rintang. Ing reguku aku dipilih dadi wakil regu melu lomba geguritan. Geguritan kuwi sawijine karya sastra jinis puisi basa Jawa. Sajane wis tak batin menawa aku bakal dikongkon kanca-kancaku melu geguritan. Ing reguku ora ana sing gelem melu lomba geguritan amarga kanca-kancaku ngarani menawa geguritan kuwi wis ketinggalan jaman. Kanca-kancaku padha isin menawa nyinau geguritan. Senajan kaya ngono aku nrima tugas iki kanthi semangat. lomba geguritan dileksanakake ing pendhapa.
Nalika weruh pasarta liyane aku rada grogi. Aku ngerti para pasarta kuwi wis kerep melu lomba basa lan sastra Jawa. Kepara, salah sawijining pasarta wis tau dadi juara sesorah sakutha yogyakarta. Juri lomba ana telu saka priyayi kang mimpin majalah-majalah basa Jawa kang wis kawentar. Aku rada mangu-mangu, nanging Gusti kaya paring semangat kang gedhe supaya aku ora nglokro ngadhepi lomba iki. Pasarta diwenehi wektu 10 menit kanggo nulis geguritan banjur macakake sangarepe juri. Aku rada kamitenggengen nalika ndeleng pasarta kang maju macakake geguritan, mligine sing jenenge Anik, juwara II lomba geguritan sa-DIY. Kringetku saya akeh dleweran. Para pasarta macakake geguritane ngenani kaendahaning donya, jasa-jasa guru lan wong tuwa, paseduluran, nasionalisme lan liya- liyane. Kabeh katon percaya dhiri manggung sangarepe penonton. Ananging aku tetep nyoba nguwati atiku dhewe. Aku gawe geguritan nganggo idhe seka kegiyatan kemah iki. Kabeh pasarta wis maju. kari aku dhewe lan wakil seka regu lawa.
“Pasarta sabanjure, perwakilan seka regu singa. kasuwun maju!” keprungu swara saka pengeras swara.
Atiku rasane kaya meh copot krungu swara mau. Wis saiki ora ana pilihan meneh aku kudu ngadhepi kasunyatan, maju macakke geguritanku kanthi judhul “Swara Nyalawadi”

Swara Nyalawadi
Bengi iki aku turu ing tendha
Bengi iki acara kemah Pramuka
Aku turu angler merga kekeselen

Sajroning turu...
Kaya impen, keprungu swara nyenthit sing ngagetake aku
Mripatku tak lekke senajan abot
Tak goleki mrana-mrene nanging ora ketemu asale swara kuwi
Wah... puyeng sirahku

Swara jangkrik dudu,
Swara kucing dudu,
Apa meneh swara orong-orong

Wis embuh lah
Tak bacutke olehku merem
Durung angler anggonku ngeremke mripat
Eh, lhadhalah kok ya muni meneh swara mau

Saiki katone ora baen-baen....
Wah ketoke kewane wis saya cedhak
Ketambahan ganda aneh sisan
Aku saya siyaga

Tak ambu-ambu...
Kaya-kaya aku ora pangling karo ambune
Wah aku kudu siap-siap
Kewan iki mambu kaya Sigung

Mripat mlolo nujuganda aneh mau...
Mak gragap...
Saiki swara kuwi nyenthit tambah banter ing sebelahku
Ketambahan ganda kang saya gambret
Aku jenggirat...

Basan tak tamatke
Basan tak senteri
Jebul swara kuwi
Asale seka njero sarunge si Kamto kang lagi jingkrung

Oalaaaahhhhh ...
Tooo, Kamtoooo...
Sore mau kowe sambat lara weteng

Jiaaaaan blaikkkkk...

Tanpa taknyana sawise maca geguritan mau kabeh padha ngguyu, para guru lan para juri. Sawise giliranku, banjur walik seka regu lawa minangka pasarta pungkasan. Sawise kuwi aku kari nunggu juri mbiji pasarta lan ngumumake pemenang ing dina pungkasan kemah. Dina pungkasane kemah aku sakanca wiwit ngukuti barang-barang. Aku wis bisa mbedhek menawa bakal dikongkon kanca-kancaku ngasahi piring. Alesane merga aku ketua kelompok. Ya wis, tak tampa kanthi seneng wae. Pungkasan acara kemah ana upacara penutupan lan pengumuman pemenang lomba. Wektu kuwi sing ndadekake jantungku dheg-dhegan kenceng. Embuh kena ngapa, grogi, wedi, utawa apa aku ora ngerti nalika nunggu pengumuman lomba geguritan. Ananging aku wiwit pasrah amarga aku krasa nek bakal kalah ing lomba geguritan. Pengumuman lomba-lomba wiwit diwara-warakke lumantar pengeras suara. “Dan, pemenang lomba geguritan adalah Budiiiii dari regu Singa,” mangkono pengumuman kang diwacakke dening salah sawijning Juri kang rawuh ing penutupan acara kemah.
Wah rasane kaya ngimpi mangerteni menawa aku dadi juwara 1 seka 12 pasarta ing lomba geguritan. Ora dinyana geguritanku dibiji apik lan bisa ngalahake geguritane anik, juwara nulis geguritan DIY. Sanalika kringetku kang anyep dadi kringet kabungahan. Banjur juri kasebut ndhawuhi aku maju ing panggung lan nampa bebungah. Keprungu swara keplok rame banget seka para guru lan siswa-siswa pramuka. Ora taknyana mripate kanca-kancaku seka regu singa mandeng aku kanthi gumun, ora nyana menawa aku menang. Wusana kemenanganku iki ndadekake regu singa dadi juwara umum lomba ing kemah wektu iki.
“Nak, kowe duwe bakat nulis geguritan. bakatmu iki bisa dadi modhal kanggomu supaya bisa terus makarya kanthi professional,” ature juri kuwi karo mbisiki aku lan nyalami tanganku kenceng.
Ora krasa luhku ndlewer. Ujug-ujug tuwuh pikiranku menawa aku bisa golek dhuwit kanthi nulis geguritan lan kamot ing majalah basa Jawa. aku bisa mbiyantu ibuku.
Jam ing pendhapa wis nuduhake jam 13.00, pratandha upacara penutupan acara kemah taun ajaran 2018 wis rampung. Aku gage mlayu menyang tendha lan mberesi kabeh barangku bareng kanca-kanca. Sawise kuwi aku bali bareng kanca-kancaku.
Tekan ngomah takcritakake marang ibuku kabeh kedadeyan-kedadeyan mau. keprungu swara lirih ibuku ngendika, “Matur nuwun Gusti. Panjenengan sampun paring pepadhang marang Budi.”


MATERI LOMBA: BACA CERKAK UNTUK PESERTA TINGKAT SD/MI


CERKAK SD/MI
PITULUNGANE MANUK BLEKOK
Dening : Akhiyadi
MANGSA ketiga dawa awane panas nggemplang, tetuwuhan godhone saperangan ana sing garing, sato kewan ing alas Lodran megap-megap kepanasen, ngelak, lan luwe. Racake sato kewan banjur padha ngumpul ana sapinggire Tlaga Marimo. Ya Tlaga Marimo iki siji-sijine kang isih ana banyune ing laladan alas kono.
Blekok kang nyusuh ana pang wit ora adoh saka pinggire tlaga meruhi ana Kowe (anak munyuk) nyedhaki tlaga. Iki genah si Kowe ngelak lan arep ngombe, batine Blekok. Wayah awan ngene iki biasane Baya ngindhik saka jeron banyu terus nubruk kewan sing lagi ngombe.
“He, Kowe. Aja ngombe banyu tlaga dhisik!” ujare Blekok karo mabur mudhun saka pang wit kang kanggo nyuwuh mau.
“Ssstttttt...., wayah awan ngene iki nalika sato kewan padha ngelak, Baya ngindhik saka jeron banyu tlaga arep golek mangsa. Kowe bisa ditubruk, dicokot awakmu, lan digondhol diblebegke banyu temah tekan patimu”.
Krungu jlentrehe manuk Blekok mau Kowe kang isih cilik kuwi ndredheg keweden, “Lha terus piye aku?” pitakone bingung merga dheweke wis ora bisa ngampet ngelake maneh. “Ya, wis. Ayo tak terake yen arep ngombe nanging aja suwe-suwe!”
Kewan sakloron mau banjur nyedhaki banyu tlaga ngliwati kisikan sapinggire tlaga sing rada nglendhut, jemek. Jalaran wis rong dina ora ngombe, Kowe anggone ngokop banyu sarosane nganti pirang-pirang puluh clegukan. Ora kanyana saka jeron banyu njumbul si Baya kang cangkeme mangap amba nubruk awake Kowe terus dicokot. Anak kethek mau mere-mere lan jerit-jerit merga kelaran. Nanging manuk Blekok ora kelangan kaprayitnan dheweke sigra ngabruk karo nothol matane Baya sarosane.
“Wadhaauuuuuuhh..” Baya mbengok sora, cangkeme mangap amba. Ya nalika iku buntute Kowe dicengkerem karo Blekok nganggo driji sikile terus ditarik diajak mlayu ninggalake papan kono. Kowe isih njerit-njerit kelaran lan endhase godres getih.
“Enggal meneka wit iki lan ngasoa ing pang cedhak susuhku kae, ana kana aman!” prentahe manuk Blekok.
Tanpa wangsulan Kowe gage ngangkrok wit mau marani susuhe Blekok. Jroning ati dheweke nedya nrima banget marang Blekok kang wis paring pitulungan. Tanpa pitulungan mau dheweke mesthi wis tumekane pati dimangsa Baya. Sato kewan siji kuwi tumindake
pancen angkara murka, seneng gawe kapitunane liyan, nyilakani liyan, ben awake liyan diklethak, dipangan tanpa duwe rasa mesakake sapadhane.
Ora gantalan suwe manuk Blekok teka mrono, telihe katon mendhol-mendhol, “Kepiye Kowe? Apa awakmu isih krasa lara?”, pitakone Blekok.
“Isih. Endhasku krasa perih”, wangsulane Kowe karo nudhuhake kulit endhase kang mlicet merga tatu kena untune Baya kang landhep.
“Hyoh. Taktambani!”, wangsulane Blekok karo muntahke isi telihe. Telih mau jebul isine sinom godhong mlandhingan sing banjur dipopokake ing endhase Kowe, “Wis, ngasoa dhisik sesuk rak terus mari!”, ujare manuk Blekok nuturi Kowe.
“Hyoh. Matur nuwun banget manuk Blekok. Muga-muga kabecikanmu ing tembe entuk piwales saka sing murbeng dumadi lan pinaringan ganjaran sing samurwat”.
“Aamiiin. Becike awake dhewe iki urip tulung-tinulung, gotong royong, lan rukun. Supaya awake dhewe kekarone iki luwih kuwat ngadhepi bebaya apa wae sajrone urip ana sakiwa tengene Tlaga Marimo kene. Turua ana pang kene iki saben bengi aku turu ana susuh iki karo ngeloni anakku sakloron kang isih piyik”.
“Hyoh. Terus yen awan anggonmu ngluru pangupajiwa ya ana sakiwa tengen kene?”.
“He.eh, sakiwa tengen kene akeh woh-wohan ana jambu, manggis, sawo, lan sisih kana kae ana gedhang, duren, lan uga sinom-sinom apa wae sing bisa kokpangan. Yen wetengmu wis wareg kowe bisa ngaso ana sacedhake susuhku sinambi njaga piyik-piyikku, aja nganti dimangsa ula. Sebab wayah awan aku ngulandara ing saweneh papan golek pangupajiwa”, ujare manuk Blekok.
“Hmmmm ngono? Becik, becik, becik. Aku sarujuk karo penemumu manuk Blekok. Urip mono pancene kudu tansah tulung-tinulung siji marang sijine”, wangsulane Kowe sajak seneng atine.

MATERI LOMBA BACA GEGURITAN WAJIB & PILIHAN UNTUK PESERTA LOMBA TINGKAT SMP/MTs


GURIT WAJIB SMP/MTs

PANGIMPENKU
Eko Purwanto

Kabeh manungsa mesthi duwe impen
Ana kang ngimpi dadi presiden
Ana kang ngimpi dadi menteri
Dadi penyanyi, dadi priyayi lan pegawai negeri

Ana kang ngimpi duwe omah gedhong magrong-magrong
Kareben digumuni para garong
Ana kang ngimpi duwe mobil mewah
Nganti padha adol sawah

Ing sawijining wengi sepi
Aku turu lan ngimpi Ngimpi
endah lan merak ati
Aku ngimpi bocah-bocah kuwi

Padha basa marang leluhure
Padha basa marang simbahe
Padha basa marang wong tuwane
Padha basa marang guru-gurune

Meong! Meong! Meong! Asem!
Ana kucing mlebu ing sarungku !
Kucing kuwi wis ngrusak impenku!
Kucing kuwi mesthi durung tau ngimpi kaya aku!

Aku tangi..
Aku ngguyu...
Aku mesem sajroning ati . . .
Dhuh Gusti, aku mung ngimpi!



GURIT PILIHAN SMP/MTs

SABA ALUN-ALUN
Mustofa W Hasyim

Bocah cilik ora wani saba lan peplayon
Apa meneh dolanan perang-perangan
Bengok-bengok gegojegan sak kesele
Wanine ya mung lungguhan ana pinggir

Suket resik gilar-gilar ambar
Taman endah ngresepke pandulu
Kaya sepi kang ora tau mosik
Esuk utawa sore, padha wae

Pancen nyenengke panggonan jajanan
Ngubengi Alun-alun, enak-enak tur ya larang
Wong mbara utawa wang wisata akeh sing wani
Mampir sinambi ngleremke ati, edhum pinayungan wit ringin

Krasa urip tenan menawa bengi, sing saba teruna
Wong diwasa, pada jajan bakmi pa kopi
Ndolanke pikiran nganti adoh banget
Kemput tekan pojoke angen-angen
Mbasan wis adhem njekut pada celatu
”Wah bedhidhing tenan iki.”
Adheme ngejak kemulan wae
Wayahe mulih marang awake dhewe-dhewe.



GURIT PILIHAN SMP/MTs

AKU KANGEN
Nini Klenyem

Aku kangen marang ocehing manuk prenjak lan podhang
Sing rame ngoceh ing wit-witan latar lan kebonan
Gawe ati bungah nggawa swasana katentreman
Kabeh bebas rumangsa duwe papan panonopan
Urip ayem tentrem kebak karukunan

Aku kangen sunaring rembulan nyoroti banyu sendang
Kang pating sliwer polahe iwak sing padha mapan
Sajak ngagungake panguwasaning Pangeran
 Lan suka syukur pinaringan papan leledhang
Iba endahe yen manungsa ora srakah lan melikan

Kabeh mau saiki keri gegambaran
Wujude saiki malih mung loji sing bebanjengan
Wit-witan gusis binabat tanpa ngengehan
Oceh-ocehan wis ora duwe pencokan
Sapa sing salah ? Mangga golekan dhewe
Sing cetha ya manungsane




GURIT PILIHAN SMP/MTs

LAYANGE BU GURU
Titian Pinta

Kanggo sliramu kang saiki wis makmur
Kanggo sliramu kang saiki wus nglenggahi pangkat dhuwur
Kanggo sliramu kang saiki dadi tilas muridku

Apa isih kelingan marang wulangan
Apa isih emut karo wejangan
Kudu tansah lumaku jujur
Ati, lathi lan uga polahmu

Ora maido saiki kabeh karep keturutan
Ora maido saiki kekeceh driya
Ora gumun saiki dadi panutan
Ora gumun saiki dadi panguwasa

Cilik digitik laku jujur
Gedhe bisaa dadi pangayom
Bisaa dadi papan sendheyan kanggo sesepuh
Bisaa mrantasi bot repoting nagari

Nanging lakumu owah dening angin kang sarak
Pikirmu nalisir saka bebener
Bandha rakyat direncah, dijarah
Kanggo kekipu kang mubazir

Eling-eling ndang balia mecaki garismu
Eling-eling ndang maria saka lara jiwamu
Eling-eling yen bandha iku sampiran donya
Bakal tinilar yen wus seda